
Priben kabare sedulur-sedulur? Hahahahaha apik-apik bae mbokan?! Lah kiye menoengsa dapoer nembe kober posting, mergane langka fitnah sing bisa dipropagandakan…hahahahaha…Guyon mbokan, lucu!!! hehehehe…
Kiye menurut gosip miring sekan sumber wong jero, komunitas dapoer arep nganakna touring meng Sidomukti, Ungaran. Rencana tanggal Setu, 5 Mei pas dina abang – Ahad-e kena nggo ‘tepar’ mbuang pegel+kesel sedina med. Maklum, 90% menoengsa dapoer wis sepuh, gampang masuk angin, pilek, mules, monjor, wis persis kaya kembung nang ngisor iki!
Huh…suwe ora nulis dadi bingung arep nulis apa geh. Ya wis, sing rumangsa menoengsa dapoer pada melu bae ya, syarate mung siji, berjiwa muda – berpikir dewasa – berbiji, eh beroda dua! Mayoh, gagean!